Nulis Layang


Ana ing jaman saiki uwis jarang ana wong sing gelem ngirim layang karo sedulur, kanca utawa karo pacare. Nanging, bocah saiki ora olih kanggo nglaliake budaya layang. Ing jaman biyen Layang iku biasa dadi alat komunikasi andhalan kanggo ngetokake gagasan lan uneg-uneg marang sapa wae. Layang iku wujud lan warnane akeh banget rupane.

Ana pira jenise layang iku?

  •  Layang Resmi / Formal
  •  Layang Non formal / Ora Resmi

Apa bae ang kalebu Layang Resmi?

  1.  Layang Tugas ( Dhawuh )
  2.  Layang undangan ( Ulem-ulem )
  3.  Layang Kerja ( Lamaran Nyambut Gawe )

Banjur, apa sing kalebu Layang Ora Resmi?

  1.  Layang Iber ( pribadi, kaluwarga )
  2.  Layang Kitir ( Faximili, Sms )

Perangane layang ana pira?

  1.  Adhangiyah 
  2.  Pembuka
  3.  Isi 
  4.  Penutup
  5.  Papan lan titi mangsa 

Keterangan :

 Adhangiyah : Unggah-ungguh tumrap sing ngirim lan sing dikirim ing layang. Kang unine biasane mugi katur ...
 Pembuka : Yaiku bebuka kang isisne kabar keselametan perang pada kapisan ing layang
 Isi ( Wos) : Yaiku surasane layang sing pokok. Ing Layang manggon ing perangan podo kapindho
 Penutup ( Wasana Basa ) : Yaiku perangan layang muni wasana cekap semanten ...
 Papan lan titi mangsa : Yaiku tanggal penulisan layang lan pengirim layang sarta ing ngendi layang mau ditulis 

Menawa nulis Layang kudu nggunakake aturan penulisan layang kaya ing dhuwur

Tuladha bagian-bagiane layang



Tuladha gawe surat ijin ora mangkat sekolah
Semarang, 26 Desember 2013

Katur 
Bapak/ibu Guru 
SMP 1 Semarang
Semarang

Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :

Nama : Agus Y.
Kelas : 7a
Dinten : Kemis, 26 desember 2013
Nyuwunaken ijin putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit. 
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.

Walaikumsalam Wr.Wb. 
Saking Wali murid 


Mardjoko      

Tuladha layang pribadi
 Semarang, 26 Desember 2013

Katur                                        

Pak Dhe/bu dhe                        
Ing Dalem                                 
          Kebumen                                  


Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun pak dhe lan bu dhe inggih semanten.

Bu dhe lan Pak dhe, benjang liburan tanggal 20 Januari 2009 liburan semester 1 , kula badhe liburan dateng dalemipun kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak dhe lan Bu dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng makam Bung Karno.

Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten

Sungkem Kula            


Prayuda           
 Cekap semanten, mugi wonten manfaatipun.


Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tutor Nggawe Sesorah

CONTOH HASIL LAPORAN OBSERVASI PENDIDIKAN PANCASILA

Jegingger—novel Bekisar Merah dalam Bahasa Jawa dialek Banyumasan, Ahmad Tohari.